‘Abd Al Haris Al Muhasibiy*
Keranten sampun manggen ing kraton meniko.
Mboten saget obah mboten saget rekoso.
Amargi keblubet dening sumpeke dunyo brono.
Wonten ingkang ngatur nopo ingkang dipun kerso.
Sedoyo gawean kedah wonten ingkang noto.
Tiang dukur ingkang sampun hasil dados pandeto.
Tiang ingkang boten welas lan boten gadah toto kromo.
Ing mongko kraton kedah ngangge nyiapi.
Nopo ingkang bade dipun suwun kangge upeti.
Menawi mboten dipun gateake saget-saget dipun pecuti.
Mulo rojo mboten enak lan mboten enjoi.
Pramilo nopo ingkang sampun dipun wastani.
Nyleneh lan aneh bele kangge poro padeto ugi.
Kadose gambar ingkang saestu sae namung kapuji.
Lintu katoke lintu njerune awak lan jerune ati.
Kadose tiang sae anamung jerune ngruweti.
Mugi-mugi poro pateh lan poro kawulo gusti.
Sageto bedaaken sak temenan ampun ngantos diapusi.
Nopo maleh poro patih ingkang nyimpen strategi.
Mbok beleh saget ngumpulake dunyo brono sak akeh-akehe.
Kangge ngrumat poro cantrik ingkang biasanipun dibujui.
Meniko tembang kangge tiang mboten saget ngudaneni.
Malang, 13 Agustus 2021
*Mantan Rektor UIN Maliki